Pendadaran utawi evaluasi salebeting pasinaon mujudaken perangan ingkang wigati, awit ing kegiyatan punika saged kangge mangertosi sepinten kasil proses pasinaonipun. Ing kegiyatan pendadaran temtunipun mbetahaken satunggaling medhiya, minangka piranti / alat kangge nodhi kasagedanipun para siswa. Alat evaluasi punika awujud soal-soal pitakenan ingkang saged kangge ngukur panggayuhipun (pencapaian) kompetensi para siswa. Soal-soal evaluasi punika saged kasusun kanthi modhel ingkang warni-warni kadosta: pilihan gandha, njodhokaken, isen-isen cekak (isian singkat), lsp. Pramila ing perangan kaca punika kula pasang satunggaling medhiya pendadaran pasinaon basa Jawi. Medhiya pendadaran punika saged kangge pasinaon mandhiri tumrap para siswa.
Bab-bab ingkang perlu kagatosaken saderengipun panjenengan ngginakaken medhiya punika:
1. Panjenengan kedah nginstal rumiyin medhiya Flash Player ing komputer.
2. Salajengipun panjenengan masang aplikasinipun Font Hanacaraka ingkang true type Hanan.
    Sugeng Gladhen !

 HANACARAKA TATARAN 1

h HANACARAKA TATARAN 2

HANACARAKA TATARAN 3

 

H

h